Sabtu, 26 April 2008

Adolf Hitler


Adolf Hitler (20 April 1889 - 30 April 1945) iku salah sijining dhiktator ing donya sing paling kejem. Dhèwèké tau mimpin negara Jerman saka taun 1933 nganti 1945. Hitler sing ngadegaké parté NSDAP utawa Nazi. Banjur ing pamilihan umum ing taun 1933 Hitler bisa menang dadi Kanselir Jerman. Dhèwèké dadi misuwur amerga nduwé karep nguwasani sa-Éropah lan ngembangaké bangsa Jerman supaya sumebar. Hitler nganggep yèn wong Yahudi iku musuhé wong Jerman. Hitler iku sing miwiti Perang Donya II ing Eropah. Nalika kapamimpinané, akèh wong-wong sing dianggep asor ing Eropah kayata wong Yahudi, Slavia, Gipsi lan sabanjuré dibinasa. Sing tiwas déning Perang Donya II iki, nganti puluhan yuta jiwa, kalebu enem yuta wong Yahudi.

Nalika ing pungkasaning Perang Donya II, kala Berlin dikupengi Wadya Bala Abang, Uni Sovyèt, Hitler kawin resmi karo pacaré; Eva Braun. Ora nganti 24 jam manèh, loro-loroné padha sudhuk slira ing tanggal 30 April 1945 ing jero Führerbunker ("bunker Sang Pemimpin").

Adolf Hitler lair ing Braunau am Inn, Austria, minangka anak kaping papat saka anak enem. Bapakné Alois Hitler, (1837–1903), iku sawijining pegawé pabéyan. Ibuné Klara Pölzl, (1860–1907), iku bojo Alois sing katelu. Nanging Klara iku isih sanak-seduluré, dadi supaya bisa kawin, dhèwèké kudu olèh dispènsasi saka Paus dhisik. Saka putra Alois lan Klara sing enem cacahé, namung Adolf lan Paula sing urip nganti diwasa. Bapané Hitler, uga nduwé anak lanang, Alois Jr lan anak wadon, Angela saka bojoné sing kapindho.

Alois Hitler iku lair minangka bocah haram. Salawasé 39 taun, Alois nganggo jeneng ibuné Schicklgruber. Ing taun 1876, dhèwèké njupuk jeneng bapak kuwaloné, Johann Georg Hiedler. Jeneng iki ditulis Hiedler, Huetler, lan Huettler. Éjaan Hitler iku mbokmenawa salah tulisé sawijining juru tulis. Asal jeneng iki yaiku tembung Jermanik Hittler utawa sing mèmper lan tegesé kurang luwih "sing manggon ing gubug", "juru angon" utawa saka basa Slavik Hidlar lan Hidlarcek.

Propaganda sekutu eksploitasi jeneng marga aslin'e Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt sing disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara Heil Schicklgruber. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler mawa resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.

Jeneng Adolf iku asalé saka basa Jerman Dhuwur Kuna kanggo "sregala priyayi" (Adel=priyayi + wolf=sregala). Dadi, salah sijiné peparabané Hitler iku Wolf utawa Herr Wolf, sing wis dienggo ing dasawarsa 1920-an lan utamané namung dienggo déning kanca-kanca cedhaké (kaya ta Oom Wolf déning kulawarga Wagner) nganti ambruké Reich ka-III. Jenengé sawetara markas gedhé Hitler saindhenging Eropah uga nyandhang jeneng "sregala" (Wolfsschanze "Susuh sregala" ing Prusia Wétan, Wolfsschlucht "Jurang sregala" ing Prancis, Werwolf "Sregala siluman" ing Ukraina lan sabanjuré). Déning kanca cedhaké lan para waris, Hitler diarani "Adi".

Minangka bocah cilik, Hitler tau ngomong yèn dhèwèké kerep dipecuti bapakné. Taunan sawisé dhèwèké tau celathu marang sekretarisé: "Banjur aku tékad nduwé kekarepan ora arep nangis manèh yèn bapaku mecuti aku. Pirang dina sawisé iku, aku duwé kasempatan kanggo mbuktèkaké kekarepku. Ibuku, sing wedi, mlayu ing ngarepe lawang. Aku dhéwé, minangka meneng ngétung pecutan sing kéna ing bokongku."

Mbah kakungé Hitler saka bapakné kemungkinan gedhé iku salah siji saka Johann Georg Hiedler utawa Johann Nepomuk Hiedler. Ana gosip yèn Hitler iku mbokmenawa seprapat Yahudi lan mbahé wadon, Maria Schicklgruber, tau meteng nalika nyambut gawé dadi réwang ing salah sijining kulawarga Yahudi. Gosip-gosip iki minangka pulitik temtuné bisa ngakibataké dampak sing gedhé kanggo Hitler sing ndarbéni paham anti-sémitik lan rasis. Mulané para lawan pulitik Hitler akèh sing nyoba mbuktèkaké yèn dhèwèké iku nduwé keturunan Yahudi utawa Ceko. Senadyan gosip-gosip iki ora tau bisa dibuktèkaké, kanggo Hitler kabèh iki mènèhi alesan cukup kanggo nutupi asal-usulé. Miturut Robert G. L. Waite ing The Psychopathic God: Adolf Hitler, Hitler banjur nglarang wong wadon Jerman nyambut gawé ing kulawarga Yahudi lan sawisé Anschluss utawa pancaplokan Austria, Hitler nggawé kutha klairan bapakné dadi papan latihan artileri. Waite celathu yèn olèhé Hitler kurang percaya dhiri iku luwih wigati tinimbang apa asal-usul Yahudiné bisa dibuktèkaké lawan-lawané apa ora.

Kulawarga Hitler kerep pindhah-pindhah, saka Braunau am Inn menyang Passau, Lambach, Leonding, lan Linz. Hitler nalika enom iku sawijining murid sing pinter ing SD. Nanging nalika ing taun kapisan SMP (Realschule) ing Linz, dhèwèké gagal lan kudu ngulang manèh. Guru-guruné celathu yèn dhèwèké "ora nduwé karep nyambut gawé". Salah siji kanca sekolahé Hitler ing Realschule iku Ludwig Wittgenstein, salah sijining filsuf paling wigati ing abad kaping 20. Sawijining buku déning Kimberley Cornish mènèhi kesan yèn konflik antara Hitler lan sawetara murid Yahudi, kaya ta Wittgenstein, iku mèlu mènèhi kagethingané Hitler marang wong Yahudi sing pungkasané nggawé Hitler dadi anti-sémitik.

Hitler dhéwé kandha yèn kegagalané ing sekolah iku merga dhèwèké mbaléla marang bapakné, sing kepéngin supaya dhèwèké dadi pegawé pabéyan. Nanging Hitler sajatiné kepéngin dadi pelukis. Hitler mbésuk kandha yèn dhèwèké sajatiné iku sawijining seniman sing ora dimangertèni. Kepriyé waé, nalika Alois tilar donya ing 3 Januari 1903, préstasi Hitler ing sekolah ora dadi luwih apik. Mawa umur 16 taun, Hitler jebol saka sekolah tanpa ijazah.

Ing Mein Kampf, Hitler kandha yèn tuwuhing rasa nasionalisme Jermané iku merga nalika remaja tau maca buku bapakné perkara Perang Prancis-Prusia sing nggawé dhèwèké dadi mikir lan takon kenèng apa bapakné lan wong-wong Jerman Austria liyané ora mèlu perang mbéla

0 komentar: